Senin, 11 April 2011

SYAIR, WANGSALAN, PARIKAN, BEBASAN, PARIBASAN, DAN SALOKA

1. Syair
Syair inggih menika tembang para kanthi sajak a – a – a – a.
Tuladha:
Urip saiki kudu waspada
Godaane werna-werna
Halal haram ra pati cetha
Salah pilih bakal cilaka
Syair wonten ing nginggil menika gadhah guru lagu pungkasan inggih menika a – a – a – a. Syair menika ngemu teges inggih menika tiyang gesang wonten ing ngalam donya samenika kedah waspada amargi samenika barang halal lan haram sampun radi boten cetha. Umpaminipun kita sadaya boten saged milih kanthi leres, kita saged cilaka.

2. Parikan
Parikan yaiku unen-unen kang mawa paugeran telung werna, yaiku:
a. Kadadean saka rong ukara kang dhapukane nganggo purwakanthi guru swara.
b. Saben saukara kadadean saka rong gatra
c. Ukara kapisan minangka purwaka, dene ukara kapindho minangka uwose
Tuladha:
a. Wedang jeruk tanpa gula
Aja sok umuk tanpa guna
b. Esuk nakir sore nakir, sing ditakir godhong plasa.
Esuk mikir sore mikir, sing dipikir ora rumangsa
Parikan wonten ing nginggil menika saged dipun-andharaken inggih menika:
a. – wedang jeruk = aja sok umuk (pungkasanipun sami-sami ‘u’ utawi ‘-uk’)
- tanpa gula = tanpa guna (pungkasanipun sami-sami ‘a’ utawi ‘-la’)
b. – esuk nakir sore nakir = esuk mikir sore mikir (pungkasanipun sami-sami ‘i’ utawi ‘–kir’)
- sing ditakir godhong plasa = sing dipikir ora rumangsa (pungkasanipun sami-sami ‘a’ utawa ‘-sa)

3. Wangsalan
Wangsalan yaiku unen-unen saemper cangkriman kanthi mratelake batangane utawa tebusane sarana sinandi.
Tuladha:
a. Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra.
Ora gampang wong urip ana ing alam donya
carang wreksa : pang dadi gampang
wreksa wilis tanpa patra : wit kayu urip dadi wong urip
b. Ancur kaca, kaca kocak munggwig netra.
Wong wruh rasa, tan mamak king tata karma
ancur kaca : rasa dadi rasa
kaca kocak munggwing netra : tesmak dadi mamak
c. Nggodhong garing, esuk-esuk kok wis nglaras.
godhong garing : klaras dadi nglaras
d. Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir
jangan gori : gudheg dadi judheg
e. Kendhil dawa, enggal ditandangi
kendhil dawa : dandang dadi ditandangi
f. Sekar aren mas, sampun dangu kok boten kepanggih
sekar aren : dangu dadi dangu
g. Witing klapa jawata ing ngarsapada. Salugune wong mudha gelem rekasa.
witing klapa : glugu dadi salugune
h. Kembang jambu, kemaruk duwe dolanan anyar.
kembang jambu : karuk dadi kemaruk
i. Kinanthi
Kinanthi linging pitutur,
kenthang rambat menyan putih,
awasna dipunpratela,
noleha wiranging wuri,
cecangok wohing kalapa,
kang dadi pathoking uri
 kenthang rambat : tela dadi dipunpratela
 menyan putih : wlirang dadi wiranging
 cecongkak wohing kalapa : bathok dadi pathoking
j. Pangkur
Singgang gung kang piniyara,
mardi siswa kakawinireng estri,
wineh winulangaken wadu,
peputhut mong Pregiwa
kang sumewa pasewakaning kalangun,
pangrantamireng pradangga,
sesendhonan genti-genti.
 singgang gung kang piniyara : winih dadi wineh
 mardi siswa : mulang dadi winulangaken
 kakawinireng estri : wadu dadi wadu
 peputhut mong Pregiwa : janaloka dadi pasewakaning
 pangrantamireng pradangga : sendhon dadi seendhonan

4. Paribasan, Bebasan, Saloka
Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.
Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.
Tuladha:
a. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
b. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
c. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
d. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senadyan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
e. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
f. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
g. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
h. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya
i. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
j. Sabaya pati sabaya mukti = rukun nganti tekaning pati

3 komentar:

Masyonow mengatakan...

thanks infonya sob...

DC mengatakan...

Info yang bagus untuk referensi... terimakasih.

Santo mengatakan...

Bagus sekali. Tolong dong ditranslate ke bhs indonesia. Aku ndak ngerti artinya.

Poskan Komentar